Tonie Hida. Diberdayakan oleh Blogger.

Popular Posts

Blog Archive

Cari Blog Ini

Pages

Pengikut

About

Cerita Ngapak : Sapa sing salah? ( Budeg gawe mangkel )








By : Tonie Hida

Due batir sing kopoke segunung, kadang pancen gawe bedegel. Kpriwe ora bedegel, lah nek ngomong karo dheweke kudu dicorong alias ngorong~ngorong. Gegara kae aku dadi ditampong wolak-walik, persis kaya nggoreng mendoan.
Ceritane kaya kieh...
Jenenge wong apes-kan langka sing ngerti ya lur. Pas aku lagi mandeg nang perek halte, gegara motore si Mahmud mendadak anggot ora gelem mlaku. Mbuh kenang apa aku dhewek ya anu ra paham, makane aku takon ming Mahmud sing jere keahlian service motore wes keuji nang IPB dan ITB .


"Anu apane sing bodol mud?" Takonku karo ngematna Mahmud sing lagi sibuk ngotak~ngatik motore.

"Condol? Ndi sih, ana condol ora koh!" Jawab Mahmud kebingungan karo ndelengi ngisor mesin mbok ana condol sing tak maksud. Berhubung aku wonge legowo ya ora tak gawe ati, mungkin aku kudu nganggo kata liya ben si Mahmud ra salah paham.

"Udu condol mud, tapi bodol.. B.O.D.O.L!, weslah aja dibahas. Anu mungkin busine kotor ndean," omongku karo ngacung-ngacung ming bagian busi, sengertiku nek motor mogok kan ora adoh-adoh kang kono.

"Awakakakakaka!" mbuh anu kumat apa ijig-ijig si Mahmud cekakakan, gawe wong-wong sing nang halte keton mandang kepriwe ming aku karo kancaku.

Dan teragedipun terjadi , pas aku takon ming dheweke sebab musababe cekakan anu jalaran apa? Eh, malah dheweke ngomong seru pisan karo ngguyu lakak-lakak.

"GUOBLOKK KOWE TON, MASA BUSI KON DISOGI KONDOM! SING MANDAN WARAS SENDINGLAH AWAKAKAKA!!" Mahmud cekakakan kaya ora due dosa, aku ngomong apa semaure apa. Jane nyong sing salah, apa batirku sing budhege ra ketulungan?
Alhasil aku ditampong nang ibu-ibu sing gawa anak, jere aku mara-maraih ngomong saru, pedesnya itu di pipi jendral .

Pesenku : nek koe due batir budheg, tamponglah sebelum orang lain menampongmu



TAMAT








Bonus++


0 Komentar untuk "Cerita Ngapak : Sapa sing salah? ( Budeg gawe mangkel )"

Back To Top