Tonie Hida. Diberdayakan oleh Blogger.

Popular Posts

Blog Archive

Cari Blog Ini

Pages

Pengikut

About

Ramalan zodiak ngapak 2015 ( Ora ngapak, ora kepenak )























Okelah lur, nang kesempatan kieh aku rep berbagi tentang ramal-meramal. Meski jerene siki wes ora mangsan, tapi bagiku mah ya ra masalah, soale ramalanku kieh bersifat hiburan sing gawe koe cekakakan karo nempilinge tembok awakakakkakkaaa.


Tanpa banyak cincong lagi... langsung bae kieh dinikmati. Ramalan ala Mbah Tonie.


Cekicrooottt, Bos!!




#‎Taurus‬
Kerjaan sing cocok : ngedusi kirik, anggon wedus, karo nyesreki pring.
Keungan : utange ra tau dibayar.
Asmara : pacarmu lagi nggendak merga ra tau diurus.
Kesehatan : panune tambah subur.


#‎Sagitarius‬
Kerjaan sing cocok : Anggon lemut, ngaraih keong karo nyongkeli lungka nang sawah.
Keuangan : tanggal tua ora due simpenan blas.
Asmara : pacarmu seneng balamu.
Kesehatan : aja kakehen begadang.


#‎Leo‬
Kerjaan sing cocok : ngosreki WC, nandur ganja karo mawang baya nang kali.
Keuangan : dompet lagi kembang kempis.
Asmara : sabar nek pancen raimu pas-pasan, jomblo itu indah, bos!
Kesehatan : sering olahraga ben awak ra pada kaku.


#‎Virgo‬
Kerjaan sing cocok : ngedusi kethek, tandur muntul karo dodol awug-awug.
Keuangan : lagi akeh sing utang.
Asmara : ikhlasna bae bos, urung jodoh kue
Kesehatan : sering kramas ben tumane ra pada betah.


#‎Cancer‬
Kerjaan sing cocok : adol gesek, ider sandal karo nandur lombok.
Keuangan : duitmu akeh sing ilang nang warung, merga koe doyan jajan.
Asmara : mantanmu njaluk balikan.
Kesehatan : lagi cileren ( gampang mriang).


#‎Gemini‬
Kerjaan sing cocok : nyikati untu macan, ternak lemut karo nandur kecubung.
Keuangan : hemat bos, emut tanggal tuwir.
Asmara : pacarmu mblenger karo koe.
Kesehatan : pilek ra mari-mari.
Sisane ngesuk maning ya bos, kesel kieh ngetike, maninga keypede atos kaya watu hahaha.


#‎Libra‬
Kerjaan sing cocok : nimbangi watu, adol menyan karo jaga lilin.
Keuangan : duitmu lagi seret, kaya dene tes mangan tapi ora nginum.
Asmara : Pacarmu udu jodohmu.
Kesehatan : Sering kademen, terutama sikil.


#‎Scorpio‬
Kerjaan sing cocok : macul nang padang pasir, gaweni sandal jaran karo nandur cimplukan.
Keuangan : due duit mung go silihan batire tok.
Asmara : Pacarmu ora setia.
Kesehatan : gatelan.


#‎Pisces‬
Kerjaan sing cocok : nawu banyu laut, njaring iwake tanggane karo adol beha sing sepuluh ewu telu.
Keuangan : aja boros.
Asmara : sering cakar-cakaran karo yayange.
Kesehatan : Gampang ngantuk.


#‎Aries‬
Kerjaan sing cocok : nginggu tuyul, adol umpruk karo ternak unta.
Keuangan : Sugih tapi jarang sodakoh.
Asmara : lagi renggang.
Kesehatan : weteng sering lara.


#‎Capricron‬
Kerjaan sing cocok : ngaraih kraca, anggon kinjeng karo dodolan tiwul.
Keuangan : krisis duit, merga dampak global warming.
Asmara : balamu naksir koe, tapi jere koe ora peka.
Kesehatan : lara ndas ( mumet ) .


#‎Aquarius‬
Kerjaan sing cocok : ndamuni balon, ngitungi pasir karo dadi kethek-kethekan.
Keuangan : duit pada teka dhewek.
Asmara : dilarang selingkuh, meski ko karep.
Kesehatan : kelekmu mambu kecut.



Nah, bagi koe sih esih bingung, merga bintangmu dhewek be ora ngerti! Weslah, kieh tak wei bintang alternatif. Bintang terakhir, kanggo koe sing ra dueni bintang.





This is...




#‎Bintang_Kejora‬!
Kerjaan sing cocok : dadi petani pete, nernak tembukur karo dodol miras.
Keuangan : maju lancar, damai, sentosa lan sejahtera.
Asmara : jomblo seumur urip, merga kakehen pilih-pilih.
Kesehatan : daraeh naik turun kaya roller coaster.







Matursuwun go rika kabeh sing wes maca kang awal gutul rampung. Mbah Tonie pamit dulu yak, arep ngadiri rapat nang Umerika soale awakakakaka

.

See you later...

Percaya ngonoh ora ya ngonoh.

‪#‎Salpuk_bos‬! = Salam kerupuk!
0 Komentar untuk "Ramalan zodiak ngapak 2015 ( Ora ngapak, ora kepenak )"

Back To Top