Tonie Hida. Diberdayakan oleh Blogger.

Popular Posts

Blog Archive

Cari Blog Ini

Pages

Pengikut

About

Cerpen Ngapak : Watu Cilik

Cerpen Ngapak

Oleh : Tonie Hida

#WatuCilik

Pas kae nyong lagi antri bensin nang pom, iya nang pom, pombensin, udu antri bensin nang atimu 😬 ( lagi ra mood go ngerayu ).

"Duh ndi watune, ya! Jhon weruh watuku ora?" Omongku mandan seru, soale Si Jhon kieh lumayan budeg ngalaihim.

"Hah, sapuku? Goleti sapu go ngapa sih! Ko arep nyapuni dalan apa " Jhon melu medun sekang motor, motore di standarnya terus bocahe mlumpat persis kaya kodok arep temangkring nang bakungan. "Sapu go ngapa sih?" Jhon takon maning, kayane kieh bocah esih penasaran maring benda sing lagi tak goleti.

"Watu Jhon, Watu! Udu sapu udu," jawabku karo muncu kethek.

"Apa maju? Uwis koh uwiis, kae deleng ya motorku wes tak majukna, matamu ora melek apa," siki gantian Jhon sing muncu-muncu kaya koreng. Untung bae pombensine lagi rame, jajal nek sepi, wes tak pukuli ping rolas kieh bocah. Takon apa gole semaur apa, halah weslah daripada esmosi mending aku lanjut golet barangku sing tiba. "Nah, kieh ketemu," nyong kegirangan mbarang barang sing tak goleti ketemu, watu cilik warna biru dengan ukiran cantik di hampir semua bagiannya ( eyalah ngomong apa aku ya, sok mendramatisir banget yakin ).

Okelah lanjut... ( lanjut mangan brontak nyambi ngetik cerpen ).

"Ih, maen temen watune, ngeneh go enyong, Ton!" Jhon arep ngerebut watu sing tak cekel, ning gerakanku lewih gesit, dadine watu keuh esih aman nang tanganku. "Go enyong lah, Ton! Tak bayar ngeneh tak bayar, pernaeh keton mlisning nek go gawe akik," matane Jhon wes kaya macan arep nerkam mangsa, ning mangsane dudu mangsa sembarangan. Mangsane mangsa udah ( mangsan udan ). #goblog koe Ton, sumpah 😂.

"Ora bisa, Jhon! Kieh anu arep go keperluan khusus. Mbuh koe arep ngenyang sejuta masa tak wekna hehee," nyong cengengesan ndeleng ekspresi kekecewaan Si Jhon, soir lah lah yaouw. Barang warisan kon di dol. Nehiii....

"Ngeneh tak tuku rong juta kes lah," Si Jhon ngacung-ngacungna duit maring aku. Gepokan isine satus ewuan karo seketan.

"Tapi kieh barang warisan, Jhon! Ora tak dol pokoke," aku ngeyel bae.

"Ya wis tak tambahi seket kieh,"

"Oke deal!" Aku njabat tangane Jhon sebagai tanda sepakat 😉.

Pesan morale : Nek rega urung cocok aja di dol disit, sabar nunggu rega sing pas.

Intine cerita kieh ngalor ngidul, ora genah pokokelah. Weslah kaya kueh bae hehehe.

Lanjut mangan brontak maning....

TAMAT

0 Komentar untuk "Cerpen Ngapak : Watu Cilik"

Back To Top